Senin, 08 Februari 2010

Sengkalan

SENGKALAN

Ana ing kene aku arep ngudhal kawruh babagan apa kang diarani SENGKALAN.
Sengkalan yaiku samubarang kalir tetembungan, unen-unen utawa lambang kang mujudake salah sawijining angka, banjur dironce kanthi paugeran kang wis gumathok lan sakwise disusun nduweni surasa angka tahun.

Miturut petungan, sengkalan kabagi ana 2 perkara, yaiku :
1. Candrasengkala, salah sawijine wujud sengkalan kang petungane migunakake lakune rembulan sawene satunggal wulan ngubengi bawana.
2. Suryasengkala, salah sawijine wujud sengkalan kang petungane migunakake lakune bawana sawene satunggal wulan ngubengi Srengenge.

Miturut wujude, sengkalan kabagi ana pirang-pirang werno, ing antarane ana :
1. Sengkalan Lamba
2. Sengkalan Memet
3. Sengkalan Sastra

Tidak ada komentar: